Rabu, 09 Juli 2014

Soal pilgan Bahasa Jawa SMA kelas XI

SOAL BAHASA JAWA SMA
Kelas/Semester   : XI/I
Sekolah              : SMA …

I.       Wenehana tandha ping (X) wonten aksara a, b, c, d, utawi e ingkang miturutmu menika wangsulan paling trep wonten lembar jawab ingkang sampun cumawis!

1.      Ibu: “Ndhuk, ibu arep lunga ning pasar, kowe njaga omah ya.”
Sari: “Nggih, Bu. Lha Ibu badhe … jam pinten?”
Ibu: “Sedhela kok, Ndhuk. Paling jam 10 ibu wis mulih.”

Wangsulan ingkang trep kangge njangkepi ceceg-ceceg inggih menika…
a.       kondur
b.      mulih
c.       wangsul
d.      bali
e.       teka

2.      Bapak : “Kowe mau saka ngendi ta, Le?”
Anak : “…”

Wangsulan ingkang trep kangge njangkepi ceceg-ceceg inggih menika…
a.    Saka omahe budhe.
b.   Ngapa ta, kok takon-takon.
c.    Saka kancaku.
d.   Saking dalemipun pakdhe.
e.    Saking griyanipun budhe.

3.      Pak Rt: “Kok omahmu sepi? Lha bapakmu karo adhimu ningdi?”
Wahyu: “…”

Wangsulanipun Wahyu ingkang trep inggih menika …
a.       Bapak lunga, adhiku mangan ning mburi.
b.      Bapak kesah, adhi kula mangan wonten wingking.
c.       Bapak kesah, adhi kula nembe dhahar wonten wingking.
d.      Bapak tindak, adhi kula nembe nedha wonten wingking.
e.       Bapak tindak, adhi kula nembe dhahar wonten wingking.

Geguritan kangge pitakenan nomer 4-6.
Pitutur


Putraku…
wanti-wanti gatekna pitutur satuhu
den awas lan waspada ning ati
nedya gelaren nalarira
sentosa ing pambudi
lungguhana sipating kautaman
Putraku…
jejering kasusilaan kuwi
weruh angger-anggering tatakrama
wedi lan asih marang kadang wredha
ngajenana marang sapadha-padha
welas asihe marang kang ringkih
Putraku…
sira kudu ngudi ing lelaku
luhuring budi lan prasaja
sirik anglakoni penggawe ala
bekti tuhu marang ibunira
putraku…
yen ta sira mukti ajwa lali
marang pamongira ing pawiyatan
dwija guru kang ambeg darma
welas asih marang prasiswa
tansah nggaladhi sira dadia satriyatama



4.      Putraku…
sira kudu ngudi ing lelaku
luhuring budi lan prasaja
sirik anglakoni penggawe ala
bekti tuhu marang ibunira

Tembung ingkang kacetak miring tegesipun…
a.       ngadohi tumindak ingkang ala
b.      nglakoni tumindak ala.
c.       ngadohi tumindak kang becik.
d.      ngadohi tumindak kang ala lan becik.
e.       nglakoni sedaya tumindak.

5.      Surasanipun geguritan wonten nginggil inggih menika…
a.       pitutur saking tiyang sepuh supados putranipun saged sukses.
b.      pitutur saking tiyang sepuh supados putranipun dados tiyang kang becik, nggadhahi watak becik, ugi manut kaliyan guru.
c.       pitutur saking tiyang sepuh supados putranipun sregep nyambut damel.
d.      pitutur saking tiyang sepuh supados putranipun manutan.
e.       pitutur saking tiyang sepuh supados putranipun manut gurunipun nanging wani kaliyan tiyang sepuh.

6.      Amanat ingkang saged kapethik saking geguritan wonten nginggil inggih menika
a.       kedah pinter lan nggadahi tatakrama.
b.      ampun duraka marang tiyang sepuh.
c.       dados tiyang ingkang gemi, setiti, lan ngati-ati.
d.      dados tiyang ingkang sregep mlebet sekolah.
e.       kedah dados tiyang ingkang gadhah sipat kautaman, tatakrama ingkang sae, sarta bekti marang tiyang sepuh lan guru.

Tembang kangge pitakenan nomer 7.
Pitutur bener iku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.

7.      Surasanipun tembang kasebut ingkap paling trep inggih menika….
a.       aweh pitutur marang tiyang sudra
b.      pituturipun tiyang sudra kedah dipuntiru
c.       pitutur sae senadyan saking tiyang asor langkung sae menawi dipuntindakaken
d.      pitutur sae menika dipuntidakaken menawi dipunwulangaken dening tiyang luhur drajadipun
e.       pitutur sae langkung sae menawi dipuntindakaken dening tiyang sudra mawon

Tembang ngandhap menika kangge pitakenan nomer 8-9.
wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
pan nemu duraka
ing dunya tumekeng akir
tan wurung kasurang-surang

8.      surasanipun tembang maskumambang wonten nginggil inggih menika...
a.       manut kaliyan tiyang sepuh bakal nemu duraka.
b.      rekasa wonten donya lan akherat.
c.       tiyang ingkang mboten duraka kaliyan tiyang sepuhipun bakal susah.
d.      tiyang ingkang manut pitutur tiyang sepuh mboten bakal nemu duraka.
e.       ingkang nemu duraka naming tiyang ingkang mboten manut tiyang sepuhipun mawon.   

9.      Amanat ingkang saged kapethik saking tembang wonten nginggil inggih menika
a.       dados tiyang ampun kesurang-surang.
b.      urip kedah dipunlampahi.
c.       dados tiyang kedah manut tiyang sepuhipun mawon.
d.      tiyang ingkang duraka urip bakal kepenak.
e.       dados tiyang kedah manut kaliyan tiyang sepuh.  


10.   ?sek/gmB|hk XbutemB=mcpt.
a.       Sekar pangkur kalebu tembang macapat.
b.      Sekar pocung kalebu tembang macapat.
c.       Sekar kinanthi kalebu tembang macapat.
d.      Sekar gambuh kalebu tembang macapat.
e.       Sekar mijil kalebu tembang macapat.


11.  Bu Budi mundhut jarik wonten Sala. Menawi dipunserat ngangge aksara latin inggih menika
a.       ?bbufimunD|tJri[kWoneTnSl.
b.      ?bubudimunD|tJri[kWoneTnSl.
c.       ?bufimunD|tJri[kWoneTnSl.
d.      ?bubudimunD|tJri[kWoneTnSl.
e.       ?bubufimunD|tJri[kWoneTnSl.

Geguritan ngandhap menika kangge pitakenan nomer 12-14.
Pedhut
Dening Ismail

peteng dhedhet lelimengan
anyaput sandhuwuring rumput
kandel atumpuk suk-esukan
nggameng kongsi angkasa muput

ngupaya pundi dunungnya marga
sakehing barang kang dumadi
saka gegremetan nganti tekan manungsa
gegrayahan nalusur sang kaki

maju nubruk mundur kajegur
ngiwa natap nengen nabraki
pedhut angalingi kadir mbawur
bebasan maju palastra mundur angemasi
12.  Surasanipun pada kapisan wonten geguritan “Pedhut” inggih mnenika….
a.       swasana peteng merga pedhut
b.      manungsa ingkang mboten ngertos margi
c.       manungsa ingkang mboten ningali margi
d.      manungsa ingkang nembe kepetengan
e.       manungsa ingkang urip rekasa


13.  Dene surasanipun pada kapindho wonten geguritan “Pedhut” inggih menika….
a.       kathah kewan sami nggremet
b.      manungsa sami mbudidaya
c.       manungsa ingkang nembe pados margi
d.      manungsa sami grayah-grayah
e.       manungsa gegremetan padhosi margi


14.  Surasanipun pada katelu wonten geguritan “Pedhut” inggih menika….
a.       mboten saged mbudidaya
b.      manungsa mboten saged polah
c.       mboten saged majeng amargi nabraki
d.      rekasane anggonipun mbudidaya
e.       majeng utawi mundur sami awrat


15.  Bocah menika pancen dawa tangane, nggih sakmestine dheweke mboten gadhah kanca.
Tegesipun dawa tangane inggih menika…
a.       ampuh
b.      tangane dawa
c.       seneng tetulung
d.      licik

e.       clemer

2 komentar: