Kumbakarna
dening: Mentari Prastya
gedhe dhuwur gagah
perkasa
sanajan apaes raseksa
remen boga doyan nedra
gugur ing madyalaga
netepi kasatriyane
saiki jamane wis edan
kumbakarna wis sirna
sing isih kari mbilung
kana ngacung kene ngacung
sing penting wadhuk mbedudung
yen mangan tanpa petung
yen mangan tanpa petung
titeni wae suk yen busung
isoh-isoh mati gantung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar