Cerkak (Cerita Cekak)
Mendhung Lunga Papadhang Bakal Teka
Dening: Mentari Prastya N
Udan
ket mau esuk ora terang-terang, malah saya deres wae. Kamangka iki wis jam 12
awan. Kudune jam semene iki srengenge wis ana ning dhuwur sirah, nanging langit
malah katon saya peteng.
“Buk,
dhahar rumiyin nggih?”
“Iya,
Nduk. Ning sithik wae.”
“Mangga
lenggah rumiyin, Buk. Niki kula dulang.”
Wis
5 dina iki ibu gerah. Piyambakipun nanging bisa turu ning kasur. Mangan wae ya
kudu didulang, apa-apa kudu dicepakne. Ibu jane wis priksa ning dhokter,
nanging ora suda-suda gerahe.
Genep seminggu ibu gerah. Ibu mung
turon, ora bisa ngapa-ngapa. Gerahe malah saya parah. Dhahare ya malah saya
sithik, malah kadang ora gelem dhahar.
Nganti ing sawijining dina, ibu
muntah getih. Ibu langsung digawa menyang rumah sakit, ibu langsung dikon
mondhok.
---
Wis
seminggu ibu mondhok ning rumah sakit, nanging kondisine isig ajeg wae. Ragad
rumah sakit ya saya akeh, kamangka pas kuwi gajiku durung mudhun, bapak ya
padha wae. Aku lan bapak bingung arep bayar nganggo apa, nanging kuwi dakpikir
keri wae, sing penting ibu ndang sugeng maneh.
---
Dina iki kaya- kayane langit ambruk
ning dhuwur sirahku. Lha piye, ibu gerah ora mari-mari, saiki bapak malah di
PHK saka kantore amarga kantore bangkrut. Saiki gari aku sing diandhalke, aku
sing nanggung kabeh ragad, saka ragad rumah sakit nganti ragad dinggo kaperluan
omah.
Gajiku sasi iki wis mudhun, tibakna
gajiki dinggo nutup ragad rumah sakit wae ora cukup amarga saking akehe ragad
rumah sakit. Wektu iku aku bingung banget, aku kudu golek duit kanggo bayar
rumah sakit. Akhire, motorku dakdol kanggo bayar ragad rumah sakit. Dhuh Gusti,
tulungana aku.
---
Awan iki mau ibu dikuburke. Ibu wis
2 minggu ning rumah sakit, kayane iki dalane Gusti kanggo ibuku. Ibuku wis
dikuburke, nanging nganti wengi iki luhku ora gelem mandhek. Aku ngrasa yen
urip iki ora adil. Bapak diPHK, ekonomi keluargaku morat-marit, lan saiki ibu
tilar donya.
“Ndhuk,
sing sabar ya.” Kandhane bapak nguatne aku.
“Inggih,
Pak.” Wangsulanku kanthi misek-misek.
“Kabeh
wis ana dalane, Nduk.”
Aku
ra mangsuli, aku mung meneng wae. Bapak banjur ninggal aku dewean ning kamar.
---
Sesasi tak liwati karo bapak lan
adhi-adhiku tanpa ibu, nanging aku wis kulina marang kahanan iki. Samsaya wektu
iki aku wis oleh kerja tambahan. Ya lumayan lah, kerja tambahanku iki
sithik-sithik bisa mbantu-mbantu tuku kaperluan kluargaku. Wiwit wektu iki,
esuk nganti sore aku kerja ning kantor. Mulih saka kantor, aku aku kerja ning
bimbel.
Dina Minggu teka. Aku seneng yen
Minggu teka, amarga ya mung dina iki aku bisa leren ning omah.
“Nduk,
tukokna aku obat ning apotek kana.
Kok sajake sirahku rada ngelu.”
“Nggih,
Pak.”
Aku
gage-gage langsung mangkat menyang apotek. Pancen wektu iki, bapak ringkih
banget, sithik-sithik awake krasa ra kepenak terus.
Apotek
ora pati adoh saka omah, mila aku bisa cepet tekan. Aku gage-gage mlebu
ning njero apotek.
Lagi arep mlebu, lha kok aku tabrakan mbi uwong.
“Nyuwun
ngapunten, Mbak.” Kandhane wong kuwi mau.
“Nggih,
mboten napa-napa.”wangsulanku cepet
“Lhoh,
kowe Rahma, ta?”
“Nggih.
Lha panjenengan sinten kok ngertos nama kula?” wangsulanku rada kaget.
“Walah,
Ma. Apa aku beda banget ta kok kowe nganti lali karo aku? Aku iki Robi kanca
SMPmu mbiyen.”
“Masyaallah.
Kowe Robi?”
“Iya,
Ma?”
“Saiki
kowe wis dadi wong sukses, wis dadi dhokter malahan.”
“Halah,
apa lho, Ma. Ngomomg-ngomong sapa sing lara, Ma?”
“Bapakku
o, Rob.”
“Yowes,
lanjut kapan-kapan wae. Kae pasienku wis padha nunggu.”
“Nggih,
Pak dhokter.” Wangsulanku karo ngekek.
Robi
ya melu ngekek. Robi lanjut mriksa pasien-pasiene. Aku langsung tuku obat.
---
Wengi iki aku lagi nonton TV karo
kluargaku. Ujug-ujug hapeku muni amarga ana sms. Nomere aku ra kenal, banjur
tak buka sms mau, isine mangkene:“Rahma, lagi apa?”. Banjur sms mau tak bales:
“Nyuwun sewu, niki sinten nggih?”. Ora let suwe bar tak bales, nomere mau
telpon aku. Banjur tak angkat.
“Halo,
assalamualaikum. Niki sinten nggih?” aku miwiti ngomong.
“Waalaikumsalam,
iki aku Robi, Ma.”
“Owalah,
kowe ta, Rob? Lha oleh nomerku saka sapa?”
“Saka
Sari, Ma. Kanca SMP dewe.”
“Iya,
Iya. Ngomong-ngomong ana apa kok dengaren banget?”
“Ora
ana apa-apa kok. Mung pengin nelpon kowe.”
Aku
lan Robi telponan nganti wengi kae. Nganti-nganti lali wayah.
---
Wiwit wengi kuwi, aku lan Robi malah
saya cedhak. Saben dina Robi sms aku, lan saben wengi dheweke nelpon aku.
Suwe-suwe aku karo Robi ya malah ana rasa. Kayane saiki deg-degan terus aku.
Malem minggu iki, Robi ngejak dolan
aku. Robi jemput aku ning omah. Aku krasa seneng banget bisa dolan karo Robi
malem minggu iki. Wengi kuwi aku karo Robi lunga mangan ning lesehan pinggir
dalan sing terkenal enake. Nanging atiku deg-degan terus ning jejere Robi.
“Ma,
aku kepingin serius karo kowe.”
“Maksute
apa, Rob?”
“Aku
pingin kowe dadi calon ibu kanggo anak-anakku.”
Aku
bingung ameh mangsuli apa. Aku seneng banget tapi aku isih kaget Robi ngomong
kaya mengkana.
---
Wiwit bengi kuwi, aku karo Robi
resmi pacaran. Saben dina Robi saya apik karo aku lan keluargaku. Nganti
sawijining dina, aku dijak Robi ketemu karo wong tuwane Robi. Aku wedi yen
kluargane Robi ora bisa nampa aku, kamangka aku kan mung pegawai biasa, beda
karo Robi sing dhokter.
Tekan omahe Robi, aku saya wedi.
Nanging Robi terus nenangke aku. Robi pancen calon bapak idaman kanggo sapa
wae.
“Eh,
mesti iki Rahma, ta?” ibune Robi nyalami aku karo ngambung pipiku.
“Nggih,
Bu.”
“Bu,
dijak mrene ta, Bu. Bapak ya pingin kenal karo calon mantune bapak.” Bapake
Robi melu-melu ngomong.
“Iya,
Pak. Kosek, ta.”
Aku
mung mringis wae. Tibakna bapak ibune Robi apik banget lan ora katon
mbedhak-mbedhake sapa wae. Aku seneng banget kenal karo wong tuwane Robi sing
apik banget.
---
Tanggal
12-12-2012, aku lan Robi resmi dadi nganten. Aku seneng banget bisa duwe bojo
sing sukses lan apik banget karo kluargaku. Mbiyen aku tau mikir yen urip iki
ora adil. Tibakna Gusti pancen adil banget. Mbiyen aku lan kluargaku uripe
susah, nanging saiki uripku lan kluargaku uwis kepenak.
Wis
setahun aku nikah karo Robi, saiki aku diwenehi meneh kanugrahan saka Gusti.
Kamangka wektu iki aku wis ngandhut 5 sasi, aku ra sabar nunggu anakku lair.
Pancen, Gusti Allah Maha Adil.
Mendhung ilang, mesti pepadhang bakal teka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar