Rabu, 09 Juli 2014

Resensi buku "KALANGWAN"


RESENSI BUKU

Identitas buku:
Irah-irahan buku                      : Kalangwan

Anggitanipun                          : P.J Zoetmulder

Dipunterjemahanaken dening : Dick Hartoko SJ
Penerbit                                   : Djambatan
Kandelipun buku                    : XIII + 648 lembar 
Kutha Terbit                            : Yogyakarta
Taun Terbit                              : 1973 (
            Prof. Dr. Petrus Josephus Zoetmulder, S.J. miyos ing Utrecht, Walanda ing tanggal 29 Januari 1906. Piyambakipun ngudi kawruh ing Lagere School, Utrecht. Lajeng piyambakipun nerasaken pendidikan kerohanian ing Walanda lan  Yogyakarta. Ing taun 1928 nyinaosi filsafat, Basa Arab, lan Basa Sansekerta ing Ignasius College, Yogyakarta ngantos dumugi taun 1931. Salajengipun, piyambakipun pikantuk tugas ing Rijksuniversiteit Leiden, Walanda kagem studi doktoral ing sastra Indonesia. Zoetmulder inggih menika penganggit buku Kalangwan lan kamus Jawa Kuna, kekalihipun dipunterbitaken ing Basa Inggris lan Basa Indonesia. Zoetmulder tilardonya ing Yogyakarta, 8 Juli 1995 nalika yuswanipun 89 taun.
            Kalangwan nyariosaken babagan sastra-sastra Jawa kuna.Buku kalangwan punika nggadahi 16 bab. Ing bab 12, Zoetmulder nyariosaken babagan Mpu Prapanca lan Negarakertagama. Miturut Zoetmulder, Mpu Prapanca inggih menika kawi ingkang kawentar ingkang nggadahi karya awujud kakawin ingkang paling kathah dipunsinaosi. Zoetmulder mundhut pamanggih saking para ahli.
BAB XII (kaca 440-450) sekawan atus sekawan dasa dumugi sekawan atus seket
Prapanca dan Nagarakrtagama
Ing bab punika ngandharaken babagan lakunipun Mpu Prapanca. Mpu Prapanca inggihmenika pujangga ingkang nyerat babagan piyambakipun ing pungkasan karyanipun. Piyambakipun nyariosaken babagan wilayah-wilayah krajaan, mila karya punika dipunsebat Desawarnana.Salah satunggaling karyanipun Mpu Prapanca inggih menika Nagarakertagama. Negarakertagama dipuntemokaken ing Lombok taun 1894(setunggal ewu wolung atus sangang dasa sekawan). Wonten mriki dipuncariyosaken menawi Nagarakertagama dados kakawin ingkang paling kathah dipunsinaosi, dene Mpu Prapanca dados kawi ingkang kawentar. Ing kakawin punika surasanipun babagan Krajaan Majapait ing pamarentahanipun Hayam Wuruk, kaluarga, kraton lan bagiyan wilayahipun.Miturut penganggit, kakawin punika ngandaraken katrangan langsung, kadosta ingkang boten wonten ing kakawin-kakawin sanesipun, babagan masarakat Jawa Kuna ing wekdal tartamtu. Kakawin puniki dipunbika kaliyan sawijining manggala ingkang dipunaturaken kagem dewa. Lajeng, dipuncariyosaken menawi Prapanca ngandaraken maksudipun inggih menika nyerat babagan Raja Wilwatikta (Majapahit), Rajasa nagarai ngkang dados inkarnasi dewa. Bagiyan ingkang paling ageng saking kakawin punika dipunginakaken kagem ngandharaken lakunipun Raja ing wilayah kratonipun.Ing mriki dipuncariyosaken menawi lakuninipun tumujun ing wetan ngantos ing laut mbelok saking lor ning wetan. Buku punika nyariyosaken menawi wonten ing Singasari , Prapanca ngginakaken wekdalipun kagem madosi pawarta babagan leluhur Sang Raja. Banjur, dipuncariyosaken malih babagan lakunipun Prapanca nalika kondur saking Singasari tumuju Majapahit, nanging dipuncariyosaken namung sekedhik. Saking andharan-andharan inginggil, kula lan panjenengan pikantuk sawijining gambaran ngenani babagan kakawin puniki ingkang benten saking kakawin sanesipun. Kakawin puniki dipunanggep dados satunggalipun sumber kawruh kagem kula lan panjenengan nyinaosi babagan Jawa abad kaping 14(sekawan welas) ingkang boten wonten tandinganipun. Mila boten kaget menawi para sarjana dadosaken kakawin puniki pokok telaah.Wonten mriki dipunandharaken pamanggih saking Kern lan Korm menawi Nagarakertagama inggih menika perjanjian kaliyan Raja Rajasanagara. Wonten mriki dipuncariyosaken menawi Prapanca punika dharmadhyaksa utawi jemaat Budha ingkang remen kaliyan kamardhikan.

Kaunggulanipun lan kiranganipun buku:
1.      Kaunggulanipun buku:
-buku punika lengkap sanget anggenipun ngandharaken babagan lakunipun Prapanca
-gaya bahasa ingkang dipunginakaken mboten awrat
2.      Kiranganipun buku:
-basa ingkang dipunginakaken awrat kagem sinau
-aluripun mboten temtu
-tembung-tembung ingkang dipunginakaken utawa diksi ingkang dipunginakaken awrat menawi dipunsinaosi

Buku punika sejaktosipun diwaos dening:

Mahasiswa utawi masarakat ingkang gadhah pendhidhikan dhuwur amargi buku punika basanipun awrat dipunwaos lan awrat dipunmangertos.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar