Kamis, 10 Juli 2014

Cerita Cerkak 1

Nulis cerkak


Seno…
            Wis genep setaun rong sasi aku nganggur. Kamangka aku ya uwis nyoba nglamar kerja ning endi-endi, nanging tetep wae aku rung oleh gaweyan. Mbiyen jaman kuliyah aku kepingin banget lulus, nanging bareng wis lulus kok aku malah bingung golek gaweyan. Pancen sekolah dhuwur-dhuwur ora njamin bakal cepet kerja. Malah ana kanca-kancaku sing mung lulusan SMP lan SMA malah padha wis kerja mapan.
            Dina iki aku mangkat nglamar kerja meneh ning sawijining kantor ing kutha Semarang. Aku pancen bisa digolongke uwong sing sregep nglamar kerja, amarga aku pengin cepet-cepet kerja supaya ndang bisa mbantu-mbantu wong tuwaku.
“Buk, aku mangkat?” tembungku marang biyungku.
“Arep nglamar kerja meneh ta, Nduk? Nglamar ning endi meneh?”
“Nggih, Buk. Aku arep nglamar ning kantor asuransi.”
“Yawis ati-ati ya, Nduk.”
“Nyuwun pangestunipun nggih, Buk.”
“Ya, tak pangestoni, Nduk.”
Bar pamitan mbi Ibu, aku banjur langsung lunga nglamar kerja numpak motor. Kanthi sangu saka wong tuwaku, aku mangkat golek gaweyan.
            Kesel banget awakku dina iki. Mangkat awan, sore lagi tekan ngomah. Wawancaraku mau ya alhamdullilah wis cukup lancar miturutk, aku bisa njawab pitakon-pitakonan saka bos kanthi lancar. Usaha wuwis, saiki aku gari nunggu panggilan saka kantor kuwi mau.
            Esuk-esuk ibu lan bapak wis rame dewe. Ibu njerit-njerit sajak ana kabar sing marai atine bungah. Aku kaget krungu swarane ibu lan bapak mau, aku langsung metu saka kamar.
“Wonten napa ta, Buk, Pak?”
“Iki lho, Nduk. Iki lho”,sumaure ibu kanthi nduduhake layang sing dicekel.
“Inggih, niku surat napa ta, Buk?”,sauranku bingung.
“Iki, Nduk, kowe ketampa kerja. Iki surat saka kantore”,kandhane bapak bungah.
“Napa nggih, Pak?”
“Iki lho, wacanen dewe.”
Aku banjur maca layang mau. Tibakna aku ya ketampa kerja tenan. Wektu kuwi aku seneng banget rada ora percaya. Nembe pisan kuwi aku ngerti bapak lan ibuku nangis, lan nangise gara-gara seneng sisan. Wah, tambah seneng atiku.
            Esuke aku mangkat menyang kantore mau meneh kanggo nlgengkapi berkas-berkas lan ketemu karo bosku. Bosku wektu kuwi kandha yen aku tenan ditampa kerja, nanging aku kudu gelem dikirim dinas ning Kalimantan kanggo nyekel kantor cabang sing ana ning kana. Aku diwenehi wektu 3 dina kanggo mikir-mikir dhisik. Aku bingung, aku kudu seneng apa kudu sedhih. Aku seneng amarga aku langsung bisa dipercaya nyekel kantor cabang ning Kalimantan. Nanging nek aku ning Kalimantan, sapa sing bakal ngurusi wong tuwaku kamangka aku mung anak siji-sijine.
            Tekan ngomah aku crita karo wong tuwaku masalah amu. Aku crita kanthi nangis misek-misek. Aku kepingin kerja, nanging sepisan oleh gaweyan malah kaya ngene kedadeyane. Ibuku ya malah saya bingung, ibu ora tega ngeculake aku dewe ning Kalimantan kamangka aku iki anak siji-sijine wadon sisan. Ora kaya ibu, bapak bisa tegas. Bapak ngekon aku supaya mangkat menyang Kalimantan, amarga eman-eman yen gaweyan iki diculake dinggo wong liya. Nanging aku isih bingung wae, aku ora tega banget ninggal wong tuwaku ning kene.
            Rong dina iki aku mung ndekem ning njero kamar. aku ora gelem metu saka kamar, rasane arep mangan wae ya malese ora umum. Aku isih mikir-mikir arep ning Kalimantan apa ora.
Wektuku nggo mikir wis enthek. Iki wayahe aku bali ning kantor lan milih arep mangkat ning Kalimantan apa ora. Pungkasane, aku ora mangkat ning Kalimantan amarga dakpikir-pikir bapak ibuku wis tuwa, sapa sing bakal ngrawat wong tuwaku nek ora aku dewe. Yen aku ning Kalimantan, piye nek ana apa-apa karo wong tuwaku.
Aku lega wis nemtokaken pilianku. Ibu ra percaya aku bakal kaya ngene, kamangka pagaweyan iki pinginanku kawit mbiyen. Nanging wong tuwaku tetep ndukung apa wae sing dakpilih.
Seminggu bar kuwi aku oleh panggilan kerja saka sawijining bank ing Semarang. Aku ora nyangka banget babagan kuwi, amarga wis suwe banget aku nglebokne lamaran ning kana nanging ora dipanggil. Kok nembe saiki, kamangka wis stengah taunan. Wong tuwaku senenge saya raumum, amarga aku ketampa ning bank daerah Semarang sisan, dadi aku bisa kerja ora adoh-adoh saka wong tuwaku.
“Alhamdullilah ya, Nduk. Kowe oleh gaweyan sing luwih apik saka wingi.”
“Nggih, Pak, Bu. Niki nggih amargi pangestunipun panjenengan.”
            Rong sasi aku kerja ning bank kuwi. Jare bosku kerjaku saya apik wae. Banjur aku diunggahne pangkate marang bosku, sing pisanan dadi manajer saiki aku malah diunggahne dadi presiden manajer. Iki ora kepikiran blas.
            Dina iki aku ana jadwal rapat karo pejabat lan karyawan bank. Wektu kuwi ngepasi aku sing kudu mimpin rapat mau. Aku mimpin rapat kanthi lancar lan rapat ya beres. Bubar rapat liyane padha metu dhisik kanggo nedha. Nanging aku isih ning njero ruangan, aku isih nata-nata buku-buku sing tak nggo mau lan nglebok-nglebokne barang-barangku. Ora nyangka, pas aku lagi ewuh, aku diewangi salah siji karyawan. Barang-barangku diusungi menyang ruanganku meneh lan aku isih diewangi nata-nata. Aku rada ora kenal karo karyawan iki, kayane iki karyawan anyar. Tibakna tenan, karyawan iki mau lagi mlebu seminggu ning kantor, makane aku isih durung kenal.
            Ora mung dina kuwi wae, saben dina aku ya diewangi garap tugas-tugas kantorku. Dheweke jan apik tenan. Suwe-suwe aku ya uwis kenal akrab karo wonge. Tibakna jenenge kuwi Seno, dheweke kuwi pindahan saka kantor cabang Sala. Lan sing tak kageti maneh, dheweke iki isih enom, seumuranku nanging jabatane wis dhuwur, yaiku direktur. Aku rada pekewuh, masa direktur ngewangi aku junjung-junjung.
            Malem minggu iki aku mung ana ning omah. Kamangka gara-gara gaweyann kantor isih numpuk lan lagi ora nduwe pacar sisan, ya wis mendhing ning omah wae.
“Sar, digoleki kancamu kae,”kandhane ibu ngagetne aku.
“Sinten ta, Bu?”
“Ya kae ditemoni dhisik wae.”
Aku metu saka kamar lan nemoni tamu mau. Tibakna sing dolan ning omahku Seno, aku kaget ra umum. Wengi kuwi Seno ngejak aku dolan. Sena wonge apik lan sopan banget. Ora maido, suwe kenal karo aku ya ana rasa karo dheweke.
            Ning kantor, Seno ya saya apik karo aku. Malahan nek wis wancine mangan awan, Seno mesti ngejak aku mangan bareng. Ora mung kuwi, saben dina dheweke sms lan nelpon aku terus.
            Nanging, telung dina iki Seno ora ana kabar, dheweke ora mlebu kerja lan telpune ora aktif. Aku ya mara ning omahe barang, nanging ora ana uwong. Aku saya bingung. Jane Seno iki nengdi. Ora tau Seno kaya ngene karo aku. Nembe pisan iki dheweke kaya ngene.   
Aku pasrah ning kahanan iki. Aku wis bisa ngikhlasne Seno. Nanging ing sawijining dina, pas dina ambal warsaku, Seno ngerti-ngerti mara ning omahku. Seno mara ning omahku ora dhewekan, nanging dheweke ngejak wong tuwane kanggo nglamar aku. Aku kaget ora ketulungan, amarga wis pirang-pirang dina Seno ara ana kabar kok ngerti-ngerti teka nglamar aku.
Aku dijelasne karo Seno kabeh. Tibakna dheweke ora mlebu kantor amarga dheweke mulih menyang Sala kanggo methuk wong tuwane. Terus ngapa kok telpune Seno ora aktif, amrga pas tekan Sala, Seno dicopet uwong, tase ilang digawa copet, telpone barang ya melu ilang. Dheweke ora sempet ngabari aku amarga lagi ewuh ngurusi laporan kelangan ing kantor polisi.

Sakjujure aku mangkel gara-gara Seno ora ana kabar nganti pirang-pirang dina. Nanging yen pungkasane kaya ngene aku krasa seneng banget. Rencanane setengah taun meneh aku lan Seno bakal nikah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar