Rabu, 09 Juli 2014

Cerita Rakyat


SENDHANG SIWANI


Walanda teka ing Indonesia kanthi ancas ngedegake perserikatan dagang, wektu semana, perserikatan dagange Walanda sinebut VOC. Nanging, Walanda suwe-suwe malah samsaya ngambra-ambra. Kanthi VOCne kuwi mau, Walanda semena-mena marang rakyat pribumi. Para Walanda mung nganggep pribumi kaya bonekane sing bisa dikongkon saksenenge lewat kerja rodi. Yen ana pribumi sing ora manut bakalan langsung diwenehi ukuman kang abot. Ora mung kuwi, Walanda kuwi licik uga, buktine Walanda ngadu domba para panguwasa pribumi kanggo tujuan monopoli dagang ing Indonesia.
oOo
Kacarita jaman Mataram, ana salah sawijining kraton kang sinebut kraton Kartosuro. Kraton kuwi dipimpin dening raja kang duweni asma Paku Buwana III. Pas pemerintahane, rakyate padha sengsara lan kesiksa. Nanging sang raja ora patia nggagas amarga panjenengane wis kehasut dening kumpeni, wis manut lan percaya marang para kumpeni nganti ora kelingan nasib rakyate. Sikepe raja kang ora nggagas nasibe rakyate iki ndadekake Raden Mas Said duka. Senadyan Paku Buwana III kuwi maratuwane, nanging panjenengane mboten mundur kanggo mbela nasibe para rakyat lan mbebaske rakyat saka para kumpeni kang kurang ajar kuwi. Raden Mas Said  terus kelingan pas jamane cilik, panjenegane kelingan yen bapake diasingne Walanda lan ora ngerti nasibe. Mula saka kuwi barang, Raden Mas Said samsaya kuwat tekade kanggo nglawan Walanda, senadyan Paku Buwana wis menehi wanti-wanti supaya aja wani nglawan Walanda.

oOo

Geger antarane kumpeni karo pasukan Raden Mas Said kedadeyan tenan. Amarga kesaktiyane, Raden Mas Said sakprajurite bisa menang lawan para kumpeni. Kumpeni mundur amarga kepontal-pontal anggone nglawan pasukane Raden Mas Said. Ing liyan wektu, Jendral VOC njaluk karo Paku Buwana supaya ngejak Raden Mas Said supaya gelem rukun meneh wae lewat sawijining perjanjian, yaiku perjanjian Giyanti. VOC njaluk supaya Paku Buwana III gelem nyetujuni perjanjian Giyanti sing isine Mataram kudu dipecah dadi loro yaiku ing Surakarta lan Jogjakarta. Amarga Paku Buwana III ana ing pihak kumpeni, mula panjenengane nyetujuni perjanjian mau. Nanging Raden Mas Said ora sarujuk karo kuwi mau. Akibate, kadadeyan perang meneh antarane kumpeni karo Raden Mas Said. Amarga sektine, para kumpeni padha ora bisa nglawan Raden Mas Said, mula saka kadadeyan-kadadeyan kuwi mau, Raden Mas Said oleh celukan Pangeran Samber Nyawa, amarga kasektene nalika perang. Pungkasane, Pangeran Samber Nyawa milih ngedegage kekuwasaan dhewe kang sinebut Mangkunegaran, nanging Paku Buwana III wis wanti-wanti yen kedudukane Pangeran Samber Nyawa ning ngisore raja lan ora bisa nggantekne dadi raja ing kraton.
oOo
Kumpeni ora kentekan akal supaya bisa ngalahake Pangeran Samber Nyawa. Mula, senadyan Pangeran Samber Nyawa wis diwenehi wilayah otonom dewe, nanging kumpeni isih wae ngrusuhi kakuwasaane Pangeran Samber Nyawa. Nganti sawijining dina, ana uwong kang lungguhan tapa ana ing ngisor wit ringin ning alun-alun kraton. Jaman semana, wong kang arep njaluk wewarah, pitulung utawa arep protes marang pamarentah kudu tapa ing ngisor wit ringin ning alun-alun kraton.
“Atur sembah kula, Gusti.” Abdi kraton ujug-ujug sowan.
“Ana perlu apa?” Pangeran Samber Nyawa mangsuli.
“Nyuwun sewu, Gusti. Kula badhe matur menawi wonten rakyat ingkang tapa wonten wit ringin Alun-alun.
“Rene, wis ndang gage gawanen mrene.”           
“Sendhika dhawuh, Ndara.”
Sing tapa mau dijak madhep Pangeran Samber Nyawa.
“Sembah kula, Gusti.” Ujare wong tapa kuwi.
“Ana apa rakyatku, kok kowe nganti tapa ning ngisor ringin?”
“Sakderengipun kula nyuwun pangapunten, Gusti. Kula badhe matur menawi kula, kaluarga, sedherek, lan kanca-kanca kula sampun boten kiyat kaliyan aturan Walanda. Awit para Walanda dhawuhi supados tiyang-tiyang Pribumi nyambut damel saben dintenipun boten ngertos wayah. Sanesipun, para Walanda inggih nemtokake pajek ingkang awis sanget.” Critane wong tapa karo nangis.
“Kurang ajar para Walanda kuwi! Sak senenge nggawe aturan dhewe. Aku ora lila wargaku dikaya mengkono. Abdi, ndang siyapna para prajurit kanggo perang nglawan Walanda!”
“Sendhika dhawuh, Ndara.”                                                  
           
            Abdi banjur lunga nglumpukake prajurit lan nglatih para prajurit kanggo perang nglawan Walanda.

“Wis, saiki kowe balia, tenangna pikirmu ya.”
“Matur nuwun, Gusti. Nanging, menawi kula lan kanca-kanca kula tumut mbiyantu perang kados pundi, Gusti.”
“Oleh banget. Yen bisa malah nggawaa kanca sak akeh-akehe.”
“Nggih, Gusti.”
            Pangeran Samber Nyawa sakprajurit nyiapne sakkabehane kanggo nglawan Walanda lan gage-gage metu saka kraton.

oOo
Perang antarane prajurite Pangeran Samber Nyawa lan para Walanda kedadeyan tenan. Kumpeni wis padha nyiapake gegaman supaya ora kalah meneh nglawan Pangeran Samber Nyawa. Anggone perang, para Walanda nganggo piranti perang sing sarwa canggih lan modern kaya granat, tank, lan pistul. Beda karo piranti perang sing dienggo dening para Walanda, para pribumi mung nganggo piranti sak anane kaya keris, pring lan sakliyane. Pokoke wektu kuwi senjatane perang para pribumi kalah adoh karo sing dienggo dening para Walanda. Mula ya ora gumun, pasukane Pangeran Samber Nyawa akeh sing kalah lan mati. Ora mung siji loro nanging atusan apa ewon rakyat sing wis mati ning tangane para penjajah. Kadadeyan iki marakake Pangeran Samber Nyawa sedhih lan jengkel. Panjenenganipun ora lila yen rakyate padha mati ning tangane para Walanda. Pangeran Samber Nyawa duwe sumpah yen bakal bisa ngalahake para penjajah mau.

“Menapa bakal tetep diterasaken anggenipun perang, Gusti? Kurban sampun kathah, ageman kita nggih sampun dijarah dening Walanda, dhedhaharan nggih sampun telas Gusti. Pragoyanipun, perangipun mboten usah dilajengaken, Gusti.” Lapurane prajurit.
“Ya wis dirampungke wae perange. Padha leren wae.”
“Sendhika dhawuh, Gusti.”
Pangeran Samber Nyawa sak prajurite padha mundur lan nerusake laku kanthi ndelik-ndelik supaya Walanda kelangan jejake Pangeran Samber Nyawa lan prajurite.
            Walanda kelangan jejake Pangeran Samber Nyawa tenan. Akire, Jendral Walanda ngutus prajurite supaya ndang gage-gage nggoleki papan pandelikane Pangeran Samber Nyawa.
oOo
Ning dalan, Pangeran Samber Nyawa ora bisa anteng. Panjenenganipun terus mikir piye carane ben bisa ngalahake para penjajah. Yen nglawan Landa ora nganggo taktik lan mung kanthi terang-terangan mesti wae kalah, merga piranti perang wae Walanda luwih banget canggihe tinimbang piranti sing dienggo para pribumi.

“Wah, yen ngene ki terus mesthi akeh rakyatku sing bakal dadi kurban lan negaraku tetep wae dijajah, kepriye ya yen aku nyoba cara liya? Apa nganggo cara gerilya wae ya?” Pangeran Samber Nyawa umak-umik dhewe.
“Abdi, abdiku.”
“Kula, Gusti.”
“Ndang gage siyapna lan latihen para prajurit kanggo perang meneh lawan Walanda, para prajurit latihen kabeh.” Ngendikane Pangeran Samber Nyawa marang abdine.
           
Pangeran Samber Nyawa banjur mbentuk pajurit meneh kanggo nglakokake taktik perang gerilya iki. Kabeh prajurit wis dilatih lan dikandani babagan perang gerilya. Pangeran Samber Nyawa sak prajurite wis siyap siyaga nglawan para penjajah nganggo Gerilya, yakuwi perang nglawan musuh kanthi ndelik-ndelik lan pindhah-pindhah.
           
Anggone nglakoni perang gerilya, Pangeran Samber Nyawa karo prajurite padha ndelik-ndelik lan pindhah-pindhah panggonan saka dhaerah siji ning sijine. Iki kabeh dilakoni supaya mungsuh ora ngerti panggonan ndelik Pangeran Samber Nyawa sak prajurite. Nek nganti para Walanda ngerti panggonane, pangeran Samber Nyawa sak prajurite bakalan langsung pindhah panggonan ndelik. Panggonan sing dingo ndelik ya ora mung ngawur, panggonan sing dipilih Pangeran Samber Nyawa sak prajurite yakuwi panggonan sing gampang pangan lan ora gampang dingerteni musuh. Ndelike biyasane ning ndeso-ndeso, gunung, lan alas-alas.
oOo

Wonogiri
Anggone nglimpikne Walanda, Pangeran Samber Nyawa sakprajurite terus pindhah-pindhah panggonan. Lakune tumuju Lor, ning dhaerah Wonogiri. Pindhah saka alas siji ning sijine. Turune ya mung sak enggon-enggon, Pangeran Samber Nyawa ora tau nggresula, piyambake wis biyasa urip prihatin saka cilik amarga ditinggal seda dening ibu lan bapake diasingne dening Walanda. Nganti tekan ning tlatah Tirtamoyo. Ning panggonan kuwi, Pangeran Samber Nyawa nglakoni tapa kungkum ing sawijining lepen. Ning kana Pangeran Samber Nyawa oleh wahyu senopati. Sakbanjure kuwi, Pangeran Samber Nyawa nerusake laku. Nanging apese, lakune Pangeran Samber Nyawa sakprajurite iki dimangerteni karo utusan Walanda, mula prajurit Walanda mau langsung lapuran karo Jendrale yen Pangeran Samber Nyawa ana ing tlatah sakcedhake Wonogiri. Mula ora dinanya ning tengah dalan, Pangeran Samber Nyawa sakprajurite dicegat dening para Walanda, Walanda wis gregeten pengin mejahi Pangeran Samber Nyawa, pungkasane perang kedadeyan meneh.

“Awake dhewe mundur wae becike, awake dhewe rung isoh nandhingi kakuwatane para Walanda.” Ngendikane Pangeran Samber Nyawa.
“Lajeng badhe tindhak pundi, Gusti?”
“Wis, sing penting mlaku wae sinambi golek papan panggonan anyar sing aman kanggo ndelik sawetara wektu iki.”
“Nggih, Gusti.”
oOo

Pangeran Samber Nyawa sakprajurite kalah lan nutukake laku meneh. Diceritakake Pangeran Samber Nyawa sakprajurite mlayu menyang sawijining dhaerah kang sinebut Wonogiri. Ning kono, Pangeran Samber Nyawa sak prajurite isih pindhah-pindhah wae amarga terus ditutake dening para Walanda. Pangeran Samber Nyawa sak prajurite krasa kesel kabeh awake. Nalika Pangeran Samber Nyawa golek-golek panggonan sing penak kanggo leren, pas kuwi uga Pangeran Samber Nyawa weruh ana cahya putih murup saka ngisor wit ringin. Pangeran Samber Nyawa terus nyedhaki panggonan kuwi.

“Ayo kabeh padha leren ning kana kae wae, ning ngisor wit ringin kae,” ngendhikane Pangeran Samber Nyawa marang prajurite.
“Nggih, sendhika dhawuh.” Para prajurit terus melu ngetutake, terus leren ning cedhak kono.

Pas para prajurit leren, Pangeran Samber Nyawa terus tapa ning ngisor wit ringin mau. Panjenenganipun pengin golek wangsit supaya panjenenganipun dipangestoni dening Gusti supaya bisa menang anggone nglawan Walanda. Ing tapane kuwi, Pangeran Samber Nyawa nglakoni pasa 35 dina, panjenenganipun pasa ora dhahar apa wae sng saka wit-witan utawa woh-wohan, sega wae ya ora. Nganti sawijining dina, pas panjenenganipun tapa, Pangeran Samber Nyawa keganggu karo suwara kebo sing lagi padu. Pangeran Samber Nyawa banjur nyedhaki kebo sing padu mau banjur ditamatake. Ana kebo loro, sing siji kebone gedhe, la sing sijine kebo cilik. Kebo loro mau padu, anggone padu, kebo cilik kuwi mau kalah lan lunga. Tibakna kebo cilik sing kalah mau mara ning sendhang. Ning sendhang, kebo mau kungkum lan ngombe banyu ning kono. Bar ngombe, kebo mau malih dadi trengginas meneh, kaya-kaya kebone seger banget. Kebo cilik kuwi mau marani kebo gedhe sing wis ngalahne mau. Bareng padu meneh, kebo cilik kuwi mau katon samsaya trengginas lan wani alias ora duwe wedi. Kebo cilik mau menang anggone padu karo kebo gedhe.

“Ya bener, kebo cilik kuwi kalah, lha wong berik karo kebo sing gedhene semono,” Pangeran Samber Nyawa umak-umik dhewe.
“Abdiku, renea, iki delengen kebo cilik iki mau kalah anggone berik karo kebo gedhe kuwi. Lha tak tamat-tamatke bareng ngombe banyu lan kungkum ing sendhang banjur bisa menang nglawan kebo gedhe kuwi.” Ngendikane Pangeran Samber Nyawa nggumun.
“Inggih, Ndara. Kalawau kula nggih ngertos. Kok saged, nggih, Gusti?”
“Ya kuwi sing arane kuwasaning Gusti. Ya wis yen mengkono tak rampungne anggonku tapa dhisik ya?”
“Nggih, Gusti.”

Bar ngulati anggone kebo padha padu mau, Pangeran Samber Nyawa terus ngrampungake tapane meneh.
oOo
Rampung tapa, Pangeran Samber Nyawa langsung kelingan meneh karo kedadeyan kebo cilik menang nglawan kebo gedhe sawise ngombe banyu ing sendhang kuwi. Banjur Pangeran Samber Nyawa jamasan ing sendhang kuwi lan ora lali ngunjuk banyu sendhange.

“Aku wis bar adus lan ngombe nganggo banyu sendhang ning kene. Saiki kowe-kowe kabeh padha adusa lan ngombe nganggo banyu sendhang iki.”
“Sendhika Dhawuh, Kanjeng.”
           
Bar rampungan kabeh anggone adus lan ngombe ing sendhang, Pangeran Samber Nyawa sak prajurite ngrasa seger banget, beda karo sakdurunge. Panjenenganipun sak prajurit langsung ngrasa yen kekuwatane padha nambah. Pangeran Samber Nyawa sak prajurite langsung pada wani nantang para Walanda. Wis ora nganggo ndelik-ndelik meneh, Pangeran Samber Nyawa sak prajurite perang meneh nglawan Walanda. Perang diwiwiti meneh, Pangeran Samber Nyawa sak prajurite isih nganggo piranti perang sing tradisional. Nanging, Gusti Maha Asih, Pangeran Samber Nyawa sakprajurite bisa menang nglawan Walanda. Pangeran Samber Nyawa terus mulih menyang Mangkunegaran kanggo niliki kahanan rakyate sawise ditinggal perang suwe.

oOo

Sendhang Siwani
Amarga kebo cilik sing kalah terus ngombe banyu sendhang kuwi kebone dadi wani lan menang nglawan kebo gedhe.  Kadadeyan kuwi mau sing terus diconto dening Pangeran Samber Nyawa. Bareng Pangeran Samber Nyawa sakprajurit adus lan ngombe banyu sendhang kuwi, panjenenganipun sakprajurit terus dadi wani maju meneh nglawan Walanda terus menang. Mula saka kuwi mau, sendhang kuwi mau diarani sendhang Siwani (Sing Wani).

“Amarga sapa wae sing ngombe banyu sendhang iki dadi wani, mula wiwit saiki sendhang iki tak arani sendhang Siwani. Mugia dadi berkah kanggo sapa wae sing sesuci lan ngombe nganggo banyu sendhang iki,” ngendikane Pangeran Samber Nyawa nalika semana.

Sendhang Siwani iki manggon ana ing Wonogiri. Sendhang iki gampang banget ditemokake. Pase ana ing desa Singodutan kecamatan Selogiri kabupaten Wonogiri. Mlebu ing kawasan kono, rasane adem lan seger. Menawa pengin adus ing sendhang yawis disiapake. Banyune pancen seger banget, mula ya ora nggumun yen sing adus ning kono ngrasa yen lungkrahe ilang. Juru kunci ning sendhang Siwani iki arane Mbah Demang Supardi. Ing dina-dina tartemtu, akeh peziarah sing mara ing sendhang Siwani kanggo sesirih kanthi cara ngunjuk lan adus nganggo banyu sendhang ancase mung supaya oleh berkahing Gusti ingkang Maha Kuwasa.

Sendhang Siwani iki salah sawijining petilasan Pangeran Samber Nyawa nalika perang nglawan Walanda ing tlatah Wonogiri. Sakliyane sendhang Siwani iki, uga ana sendhang Nangka kang panggonane ora adoh saka sendhang Siwani. Mula ya ora nggumun yen Wonogiri disebut minangka kutha kang dadi seksi bisu perjuangan Pangeran Samber Nyawa, amarga ning Wonogiri dhewe akeh panggonan petilasane Pangeran Samber Nyawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar