Kamis, 10 Juli 2014

Cerkak (Cerita Cekak) 3

Cerkak (Cerita Cekak)

Tresnaku Ginawa Mati


Dening: Mentari Prastya N

Kriiiiiiiiiiiiiing......kriiiiiiiiiiiiiing.....
Mak gregap, aku langsung tangi krungu suara jam wekerku. Tak tonton tibakna wis jam setengah pitu esuk, aku kaget ra ketulungan. Wis jam semono aku durung ngapa-ngapa kamangka kuwi dina sepisanku mlebu sekolah anyar ning Semarang. Gage-gage aku sikatan, raup, ora adus. Ya kaya ngene iki aku, nek kepepet ya ora adus.
“Git, sarapan dhisik, aja kesusu.”
“Mboten buk, gita pun telat. Asalamualaikum.”
“Waalaikumsalam. Ati-ati, Nduk.”
Ya kaya ngono kuwi ibuku, wong  sing paling sabar ngadepi aku, kamangka aku mbelinge ra umum tenan.
. . .
            Jam setengah 8 aku lagi tekan sekolahan amarga mau dalane macet banget lan angkote mlakune rindhik-rindhik. Gerbange sekolahan wis ditutup.
“Pak, nyuwun tulung bukakake gerbange, Pak.”
“Lha kok jam semene lagi tekan ta, Mbak?”kandhane Pak satpam
“Dalane macet, Pak. Tulung Pak, niki dina sepisanku ning sekolah iki.”
“Owalah, bocah anyaran kok wis telatan ta, Mbak.”
Pak Satpam mau bukak gerbang karo jengkel. Aku mung mesam-mesem tok. Aku langsung mlayu ning ruang guru lan aku banjur dijak guru mau mlebu kelasku.
“Sugeng enjing murid-murid.”
“Sugeng enjing, Bu.” kabeh murid mangsuli bareng-bareng.
“Dina iki kelase dewe ana murid anyaran. Ayo Gita ndang kenalan karo kanca-kanca anyarmu.”
Kelas dadi rada rame, kabeh pada kethok lagi pada ngomongke aku. Untung aku wis biasa karo kahanan kaya ngene iki. Ora biasa piye coba, aku setahun wis pindah sekolah ping telu amarga bapakku polisi, dadi nek bapakku pindah tugas aku sekeluarga ya melu pindah, nganti sekolah ya melu pindah.
“Meneng dhisik cah, kancamu meh kenalan.” kandhane Bu guru marang kanca-kanca.
“Kanca-kanca, kenalke jenengku Gita Pradana. Aku pindhahan saka SMA Pertiwi 1 Jogja, nuwun.” kandhaku cekak, dakpikir wis cukup ngomong kuwi mau.”
“Nek pengen kenalan karo Gita mengko maneh ya pas ngaso. Git, kowe lingguh bangku kae , jejere Maya.”
“Nggih, Bu.”
Banjur aku mlaku menyang lungguhanku lan mirengake Bu guru.
. . .
Bel mulih sekolah wis muni, aku banjur mlayu metu saka kelas amarga aku wedi nek ketinggalan angkot. Pas mlayu metu, aku tabrakan mbi bocah lanang nganti aku tiba. Sing marai aku mangkel, bocah lanang mau ora nulungi aku nanging malah mlayu nusul kanca-kancane sing lagi nongkrong ning warung ngarep sekolahan. Aku anyel tenan karo bocah kuwi. Pas ameh tak oyak, eh malah angkotku teka, yawis rasido tak oyak amarga aku kudu mlebu ning angkot.
. . .
            Rani, kanca saklingguhanku samsaya suwe wis rada seneng karo aku. Dheweke wis gelem omongan lan gojekan karo aku. Beda banget karo pas sepisan kae, dheweke ketok ora seneng karo aku, menawa gara-gara aku mbiyen kemproh lan kaya cah mbeling.
            Tiba wektune ngaso, kaya biasane aku lan Rani ning kantin. Aku lan Rani pesen bakso lan es teh amarga luwe baget. Awake dhewe lingguh ning ngisor uwit pelem nggon ngarep kantin. Pas mlaku meh lingguh, aku tabrakan meneh karo mas-mas sing nabrak aku pas ning ngarep sekolah kae, pas aku ameh numpak angkot. Sakiki aku nesu tenan, tak unek-unekke ra ukuran. Dheweke malah mesam-mesem, ora nesu senajan wis tak uneni ning ngrepe uwong akeh.
“Sampun nesune, Mbak?”cah lanang mau ngomong karo mesam-mesem.
“Mboh.”
“Ya aku mudeng aku salah, aku jaluk ngapura ya Mbak, aku wis nabrak kowe ping pindho iki.”
“Ya.”
“Jenengku Pras. Kowe sapa, Mbak?”
“Ra perlu ngerti.”wangsulanku judes.
Tak teruske mlakuku. Batinku aku seneng banget, aku wis bisa ngunek-ngunekke cah lanang kuwi mau, aku mung ra pingin dheweke sakkarepe dhewe meneh.
            Rani ngomong yen aku kendhel banget wis wani ngunekke Pras, padahal cah wadon-wadon ning sekolah ning kene iki yen ditabrak Pras malah seneng, amarga cah wadon-wadon kuwi mau padha rebutan Pras. Pras kan bagus, dhuwur, ketua OSIS sisan. Krungu critone Rani kuwi mau aku malah samsaya mangkel banget. Moso ketua OSIS kelakuane ra mutu.
            Padha kaya biasane, aku nunggu angkot ning ngarep sekolahan. Nanging wis sakjam, angkote ra teko-teko. Pas kuwi Pras mandhek ning ngarepku pas.
“Ayo bareng aku wae.”
“Ora, nuwun.”wangsulanku judes.
“Ayo ta. Iki angkote ora bakalan liwat kene, amarga dina iki sopir-sopir angkutan padha demo ning Simpang Lima.”
“Yaa..yaa...wis.”
Aku kepeksa gonceng Pras, amarga nek ora gonceng aku ra bakal bisa mulih. Ning dalan Pras ngejaki gojek lan omongan, nanging aku jik anyel mulane yen Pras ngejak omongan tak jawab seperlune wae.
“Nuwun ya.”kandhaku karo Pras
“Ya, ra dikon mampir ki?”
“Ora.”wangsulanku isih judes
            Pas aku lagi nonton TV, hapeku muni tibakne ana sms. Nanging nomere ora tak kenal. Pas tak bukak isine: “Git, ki aku Pras J”. Tibakne Pras sing sms, nanging kok wonge isa ngerti nomerku lan jenengku sisan. Smse ora tak bales, aku males banget. Ora let suwe Pras nelpun aku. Kaping pisan ora tak angkat, terus Pras nelpun meneh.
“Assalamualaikum.” Pras miwiti omongan.
“Waalaikumsalam.”
“Git, kok smsku ra dibales ta?”
“Mau lagi repot o.”
“Git, mbok uwis aja judes-judes karo aku. Aku kan wis jaluk ngapura ta.”
“Iya, lha terus aku kudu piye?”
“Ya guyu sik no.”
“hahahaha.”
Ra krasa nganti wengi anggonku telpuna karo Pras. Aku wis ora anyel meneh karo Pras. Tibakna dheweke apikan banget.
. . .
Esuke aku dipethuk Pras ning omah. Aku kaget kok ngerti-ngerti dheweke jemput aku pas mangkat sekolah. Ora mung pas mangkat sekolah, nanging pas mulih barang aku diterne tekan omah. Ora mung kuwi, aku saben dina smsan karo Pras lan ora jarang aku dolan bareng karo Pras. Dak akoni, suwe-suwe aku seneng karo Pras. Nganti sawijining dina, aku dolan karo Pras ning Tugu Muda.
“Git, aku meh ngomong serius karo kowe.”
“Ngomong apa? Kok kayane seius nemen.”
“Asline aku wis seneng karo kowe saka awal awake dhewe ketemu. Saka pas aku nabrak kowe ning ngarep sekolah kae. Asline pas kae aku meh nulungi kowe, nanging aku isin banget.”kandhane Pras rada gugup.
“Ah, masa? Jujur, aku saiki ya wis wiwit ana rasa seneng karo kowe senajan mbiyen aku anyel karo kowe.”
“Aku tresna karo kowe, Git. Kowe gelem ra dadi yangku?”
“I...iyo.”wangsulanku karo rada gugup.
. . .
            Wiwit wingi wengi aku resmi dadi yange Pras. Aku seneng banget saiki. Pras samsaya tambah apik karo aku lan keluargaku. Keluargaku wis kenal Pras, semono uga keluargane Pras wis kenal karo aku. Saben dina aku mangkat lan mulih sekolah karo Pras. Lunga ning endi-endi karo Pras.
. . .
Wis rong dina iki Pras ora jemput aku lan ora mlebu sekolah. Aku bingung banget, aku diamanati Pras ora oleh ning omahe sakiki. Aku mung manut wae karo kandhane Pras. Nganti seminggu kok ora ana kabar saka Pras, dheweke ya ora mlebu sekolah, kancane ya padha ora ngerti Pras ning endi. Daktekati lunga ning omahe Pras senajan aku wis diwelingi Pras ora oleh ning omahe dheweke, nanging aku tetep nekat.
Omahe Pras katon sepi nemen. Aku mijet bel omahe Pras, banjur ibune Pras bukakke lawang.
“Eh, Gita, kok suwe nemen ora rene?”kandhane ibune kaya rada kaget nalika aku rono.
“Nggih buk, kula mboten diparingke sowan wonten mriki dening Pras. Hla sakniki Pras wonten pundi, Buk?”
“Oh ngono ta, Nduk? Kosek ya ibuk tak salin dishik.”
Aku rada bingung karo ibune Pras, wong aku jaluk ketemu Pras kok malah ibune malah mlebu kamar meh ganti klambi. Ora let suwe ibune Pras metu saka kamar.
“Ayo, Nduk.”
“badhe ten pundi, Buk?”
“Wis ayo melu ibu wae, ngko ibu kandani. Kae ibu ya wis pesen taksi.”
Aku mung manut wae lan melu ibune Pras.
. . .
            Tibakna aku digawa ibune Pras menyang kuburan. Ning kono aku samsaya bingung maneh. Eneng apa kok ibune Pras ngejak aku ning kuburan. Aku mung melu mlaku wae. Nganti tekan ning ngarep makam, ibune Pras mandhek. Makam kuwi isih katon anyar, lemahe durung garing nemen.
“Git, iki Pras.”ibune ngomong karo rada mbrambang.
“hah?”aku kaget
“Iya, iki Pras. Pras ora ana wis 2 dina iki. Pras duwe lara kanker otak, Git.”
Bar kuwi aku ra kelingan apa-apa maneh.
. . .
            Aku tangi, panggonan iki ora asing kanggo aku. Tibakna aku wis ning kamarku. Pikirku apa kuwi mau mung mimpi? Nanging ning cedhakku ana ibuku lan ibune Pras. Ibune Pras banjur cerita yen aku mau semaput pas ning kuburane Pras. Nyatane saiki Pras wis ora ana tenan.
            Aku wis mudheng saiki kenapa Pras ora ngolehne aku ning omahe wingi-wingi kae. Pras mung wegah nek aku sedhih. Pras wegah ngulati aku nangis.
. . .

Suwe-suwe aku wis bisa ngikhlaske Pras. Aku kudu terus maju. Uripku kudu terus mlaku. Pras, aku trisna karo kowe. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar