Cerkak (Cerita
Cekak)
Tresnaku Ginawa Mati
Dening: Mentari Prastya N
Kriiiiiiiiiiiiiing......kriiiiiiiiiiiiiing.....
Mak
gregap, aku langsung tangi krungu suara jam wekerku. Tak tonton tibakna wis jam
setengah pitu esuk, aku kaget ra ketulungan. Wis jam semono aku durung
ngapa-ngapa kamangka kuwi dina sepisanku mlebu sekolah anyar ning Semarang.
Gage-gage aku sikatan, raup, ora adus. Ya kaya ngene iki aku, nek kepepet ya
ora adus.
“Git,
sarapan dhisik, aja kesusu.”
“Mboten
buk, gita pun telat. Asalamualaikum.”
“Waalaikumsalam.
Ati-ati, Nduk.”
Ya kaya ngono kuwi ibuku, wong sing paling sabar ngadepi aku, kamangka aku
mbelinge ra umum tenan.
.
. .
Jam setengah 8 aku lagi tekan sekolahan amarga mau dalane
macet banget lan angkote mlakune rindhik-rindhik. Gerbange sekolahan wis
ditutup.
“Pak, nyuwun tulung
bukakake gerbange, Pak.”
“Lha kok jam semene
lagi tekan ta, Mbak?”kandhane
Pak satpam
“Dalane macet, Pak.
Tulung Pak, niki dina sepisanku ning sekolah iki.”
“Owalah, bocah anyaran
kok wis telatan ta, Mbak.”
Pak Satpam mau bukak
gerbang karo jengkel. Aku mung mesam-mesem tok. Aku langsung mlayu ning ruang
guru lan aku banjur dijak guru mau mlebu kelasku.
“Sugeng enjing
murid-murid.”
“Sugeng enjing, Bu.” kabeh
murid mangsuli bareng-bareng.
“Dina iki kelase dewe
ana murid anyaran. Ayo Gita ndang kenalan karo kanca-kanca anyarmu.”
Kelas dadi rada rame,
kabeh pada kethok lagi pada ngomongke aku. Untung aku wis biasa karo kahanan
kaya ngene iki. Ora biasa piye coba, aku setahun wis pindah sekolah ping telu
amarga bapakku polisi, dadi nek bapakku pindah tugas aku sekeluarga ya melu
pindah, nganti sekolah ya
melu pindah.
“Meneng dhisik cah,
kancamu meh kenalan.” kandhane Bu guru marang kanca-kanca.
“Kanca-kanca, kenalke
jenengku Gita Pradana. Aku pindhahan saka SMA Pertiwi 1 Jogja, nuwun.” kandhaku
cekak, dakpikir wis cukup ngomong kuwi mau.”
“Nek pengen kenalan
karo Gita mengko maneh ya pas ngaso. Git, kowe lingguh bangku kae , jejere
Maya.”
“Nggih, Bu.”
Banjur aku mlaku
menyang lungguhanku lan mirengake Bu guru.
.
. .
Bel
mulih sekolah wis muni, aku banjur mlayu metu saka kelas amarga aku wedi nek
ketinggalan angkot. Pas mlayu metu, aku tabrakan mbi bocah lanang nganti aku
tiba. Sing marai aku mangkel, bocah lanang mau ora nulungi aku nanging malah
mlayu nusul kanca-kancane sing lagi nongkrong ning warung ngarep sekolahan. Aku
anyel tenan karo bocah kuwi. Pas ameh tak oyak, eh malah angkotku teka, yawis
rasido tak oyak amarga aku kudu mlebu ning angkot.
.
. .
Rani, kanca saklingguhanku samsaya suwe wis rada seneng
karo aku. Dheweke wis gelem omongan lan gojekan karo aku. Beda banget karo pas
sepisan kae, dheweke ketok ora seneng karo aku, menawa gara-gara aku mbiyen
kemproh lan kaya cah mbeling.
Tiba wektune ngaso, kaya biasane aku lan Rani ning
kantin. Aku lan Rani pesen bakso lan es teh amarga luwe baget. Awake dhewe
lingguh ning ngisor uwit pelem nggon ngarep kantin. Pas mlaku meh lingguh, aku
tabrakan meneh karo mas-mas sing nabrak aku pas ning ngarep sekolah kae, pas
aku ameh numpak angkot. Sakiki aku nesu tenan, tak unek-unekke ra ukuran.
Dheweke malah mesam-mesem, ora nesu senajan wis tak uneni ning ngrepe uwong
akeh.
“Sampun nesune,
Mbak?”cah lanang mau ngomong karo mesam-mesem.
“Mboh.”
“Ya aku mudeng aku
salah, aku jaluk ngapura ya Mbak, aku wis nabrak kowe ping pindho iki.”
“Ya.”
“Jenengku Pras. Kowe
sapa, Mbak?”
“Ra perlu ngerti.”wangsulanku
judes.
Tak teruske mlakuku.
Batinku aku seneng banget, aku wis bisa ngunek-ngunekke cah lanang kuwi mau,
aku mung ra pingin dheweke sakkarepe dhewe meneh.
Rani ngomong yen aku kendhel banget wis wani ngunekke
Pras, padahal cah wadon-wadon ning sekolah ning kene iki yen ditabrak Pras
malah seneng, amarga cah wadon-wadon kuwi mau padha rebutan Pras. Pras kan
bagus, dhuwur, ketua OSIS sisan. Krungu critone Rani kuwi mau aku malah samsaya
mangkel banget. Moso ketua OSIS kelakuane ra mutu.
Padha kaya biasane, aku nunggu angkot ning ngarep
sekolahan. Nanging wis sakjam, angkote ra teko-teko. Pas kuwi Pras mandhek ning
ngarepku pas.
“Ayo bareng aku wae.”
“Ora, nuwun.”wangsulanku
judes.
“Ayo ta. Iki angkote
ora bakalan liwat kene, amarga dina iki sopir-sopir angkutan padha demo ning
Simpang Lima.”
“Yaa..yaa...wis.”
Aku kepeksa gonceng
Pras, amarga nek ora gonceng aku ra bakal bisa mulih. Ning dalan Pras ngejaki
gojek lan omongan, nanging aku jik anyel mulane yen Pras ngejak omongan tak
jawab seperlune wae.
“Nuwun ya.”kandhaku
karo Pras
“Ya, ra dikon mampir
ki?”
“Ora.”wangsulanku isih
judes
Pas aku lagi nonton TV, hapeku muni tibakne ana sms.
Nanging nomere ora tak kenal. Pas tak bukak isine: “Git, ki aku Pras J”. Tibakne Pras sing sms, nanging kok
wonge isa ngerti nomerku lan jenengku sisan. Smse ora tak bales, aku males
banget. Ora let suwe Pras nelpun aku. Kaping pisan ora tak angkat, terus Pras
nelpun meneh.
“Assalamualaikum.” Pras
miwiti omongan.
“Waalaikumsalam.”
“Git, kok smsku ra
dibales ta?”
“Mau lagi repot o.”
“Git, mbok uwis aja
judes-judes karo aku. Aku kan wis jaluk ngapura ta.”
“Iya, lha terus aku
kudu piye?”
“Ya guyu sik no.”
“hahahaha.”
Ra krasa nganti wengi
anggonku telpuna karo Pras. Aku wis ora anyel meneh karo Pras. Tibakna dheweke
apikan banget.
.
. .
Esuke
aku dipethuk Pras ning omah. Aku kaget kok ngerti-ngerti dheweke jemput aku pas
mangkat sekolah. Ora mung pas mangkat sekolah, nanging pas mulih barang aku diterne
tekan omah. Ora mung kuwi, aku saben dina smsan karo Pras lan ora jarang aku
dolan bareng karo Pras. Dak akoni, suwe-suwe aku seneng karo Pras. Nganti
sawijining dina, aku dolan karo Pras ning Tugu Muda.
“Git, aku meh ngomong
serius karo kowe.”
“Ngomong apa? Kok
kayane seius nemen.”
“Asline aku wis seneng
karo kowe saka awal awake dhewe ketemu. Saka pas aku nabrak kowe ning ngarep
sekolah kae. Asline pas kae aku meh nulungi kowe, nanging aku isin
banget.”kandhane Pras rada gugup.
“Ah, masa? Jujur, aku
saiki ya wis wiwit ana rasa seneng karo kowe senajan mbiyen aku anyel karo
kowe.”
“Aku tresna karo kowe,
Git. Kowe gelem ra dadi yangku?”
“I...iyo.”wangsulanku
karo rada gugup.
.
. .
Wiwit wingi wengi aku resmi dadi yange Pras. Aku seneng
banget saiki. Pras samsaya tambah apik karo aku lan keluargaku. Keluargaku wis
kenal Pras, semono uga keluargane Pras wis kenal karo aku. Saben dina aku
mangkat lan mulih sekolah karo Pras. Lunga ning endi-endi karo Pras.
.
. .
Wis
rong dina iki Pras ora jemput aku lan ora mlebu sekolah. Aku bingung banget,
aku diamanati Pras ora oleh ning omahe sakiki. Aku mung manut wae karo kandhane
Pras. Nganti seminggu kok ora ana kabar saka Pras, dheweke ya ora mlebu
sekolah, kancane ya padha ora ngerti Pras ning endi. Daktekati lunga ning omahe
Pras senajan aku wis diwelingi Pras ora oleh ning omahe dheweke, nanging aku
tetep nekat.
Omahe
Pras katon sepi nemen. Aku mijet bel omahe Pras, banjur ibune Pras bukakke
lawang.
“Eh, Gita, kok suwe
nemen ora rene?”kandhane ibune kaya rada kaget nalika aku rono.
“Nggih buk, kula mboten
diparingke sowan wonten mriki dening Pras. Hla sakniki Pras wonten pundi, Buk?”
“Oh ngono ta, Nduk?
Kosek ya ibuk tak salin dishik.”
Aku rada bingung karo
ibune Pras, wong aku jaluk ketemu Pras kok malah ibune malah mlebu kamar meh
ganti klambi. Ora let suwe ibune Pras metu saka kamar.
“Ayo, Nduk.”
“badhe ten pundi, Buk?”
“Wis ayo melu ibu wae,
ngko ibu kandani. Kae ibu ya wis pesen taksi.”
Aku mung manut wae lan
melu ibune Pras.
.
. .
Tibakna aku digawa ibune Pras menyang kuburan. Ning kono
aku samsaya bingung maneh. Eneng apa kok ibune Pras ngejak aku ning kuburan.
Aku mung melu mlaku wae. Nganti tekan ning ngarep makam, ibune Pras mandhek.
Makam kuwi isih katon anyar, lemahe durung garing nemen.
“Git, iki Pras.”ibune
ngomong karo rada mbrambang.
“hah?”aku kaget
“Iya, iki Pras. Pras
ora ana wis 2 dina iki. Pras duwe lara kanker otak, Git.”
Bar kuwi aku ra
kelingan apa-apa maneh.
.
. .
Aku tangi, panggonan iki ora asing kanggo aku. Tibakna
aku wis ning kamarku. Pikirku apa kuwi mau mung mimpi? Nanging ning cedhakku
ana ibuku lan ibune Pras. Ibune Pras banjur cerita yen aku mau semaput pas ning
kuburane Pras. Nyatane saiki Pras wis ora ana tenan.
Aku wis mudheng saiki kenapa Pras ora ngolehne aku ning
omahe wingi-wingi kae. Pras mung wegah nek aku sedhih. Pras wegah ngulati aku
nangis.
.
. .
Suwe-suwe
aku wis bisa ngikhlaske Pras. Aku kudu terus maju. Uripku kudu terus mlaku.
Pras, aku trisna karo kowe.