Kamis, 10 Juli 2014

Cerkak (Cerita Cekak) 3

Cerkak (Cerita Cekak)

Tresnaku Ginawa Mati


Dening: Mentari Prastya N

Kriiiiiiiiiiiiiing......kriiiiiiiiiiiiiing.....
Mak gregap, aku langsung tangi krungu suara jam wekerku. Tak tonton tibakna wis jam setengah pitu esuk, aku kaget ra ketulungan. Wis jam semono aku durung ngapa-ngapa kamangka kuwi dina sepisanku mlebu sekolah anyar ning Semarang. Gage-gage aku sikatan, raup, ora adus. Ya kaya ngene iki aku, nek kepepet ya ora adus.
“Git, sarapan dhisik, aja kesusu.”
“Mboten buk, gita pun telat. Asalamualaikum.”
“Waalaikumsalam. Ati-ati, Nduk.”
Ya kaya ngono kuwi ibuku, wong  sing paling sabar ngadepi aku, kamangka aku mbelinge ra umum tenan.
. . .
            Jam setengah 8 aku lagi tekan sekolahan amarga mau dalane macet banget lan angkote mlakune rindhik-rindhik. Gerbange sekolahan wis ditutup.
“Pak, nyuwun tulung bukakake gerbange, Pak.”
“Lha kok jam semene lagi tekan ta, Mbak?”kandhane Pak satpam
“Dalane macet, Pak. Tulung Pak, niki dina sepisanku ning sekolah iki.”
“Owalah, bocah anyaran kok wis telatan ta, Mbak.”
Pak Satpam mau bukak gerbang karo jengkel. Aku mung mesam-mesem tok. Aku langsung mlayu ning ruang guru lan aku banjur dijak guru mau mlebu kelasku.
“Sugeng enjing murid-murid.”
“Sugeng enjing, Bu.” kabeh murid mangsuli bareng-bareng.
“Dina iki kelase dewe ana murid anyaran. Ayo Gita ndang kenalan karo kanca-kanca anyarmu.”
Kelas dadi rada rame, kabeh pada kethok lagi pada ngomongke aku. Untung aku wis biasa karo kahanan kaya ngene iki. Ora biasa piye coba, aku setahun wis pindah sekolah ping telu amarga bapakku polisi, dadi nek bapakku pindah tugas aku sekeluarga ya melu pindah, nganti sekolah ya melu pindah.
“Meneng dhisik cah, kancamu meh kenalan.” kandhane Bu guru marang kanca-kanca.
“Kanca-kanca, kenalke jenengku Gita Pradana. Aku pindhahan saka SMA Pertiwi 1 Jogja, nuwun.” kandhaku cekak, dakpikir wis cukup ngomong kuwi mau.”
“Nek pengen kenalan karo Gita mengko maneh ya pas ngaso. Git, kowe lingguh bangku kae , jejere Maya.”
“Nggih, Bu.”
Banjur aku mlaku menyang lungguhanku lan mirengake Bu guru.
. . .
Bel mulih sekolah wis muni, aku banjur mlayu metu saka kelas amarga aku wedi nek ketinggalan angkot. Pas mlayu metu, aku tabrakan mbi bocah lanang nganti aku tiba. Sing marai aku mangkel, bocah lanang mau ora nulungi aku nanging malah mlayu nusul kanca-kancane sing lagi nongkrong ning warung ngarep sekolahan. Aku anyel tenan karo bocah kuwi. Pas ameh tak oyak, eh malah angkotku teka, yawis rasido tak oyak amarga aku kudu mlebu ning angkot.
. . .
            Rani, kanca saklingguhanku samsaya suwe wis rada seneng karo aku. Dheweke wis gelem omongan lan gojekan karo aku. Beda banget karo pas sepisan kae, dheweke ketok ora seneng karo aku, menawa gara-gara aku mbiyen kemproh lan kaya cah mbeling.
            Tiba wektune ngaso, kaya biasane aku lan Rani ning kantin. Aku lan Rani pesen bakso lan es teh amarga luwe baget. Awake dhewe lingguh ning ngisor uwit pelem nggon ngarep kantin. Pas mlaku meh lingguh, aku tabrakan meneh karo mas-mas sing nabrak aku pas ning ngarep sekolah kae, pas aku ameh numpak angkot. Sakiki aku nesu tenan, tak unek-unekke ra ukuran. Dheweke malah mesam-mesem, ora nesu senajan wis tak uneni ning ngrepe uwong akeh.
“Sampun nesune, Mbak?”cah lanang mau ngomong karo mesam-mesem.
“Mboh.”
“Ya aku mudeng aku salah, aku jaluk ngapura ya Mbak, aku wis nabrak kowe ping pindho iki.”
“Ya.”
“Jenengku Pras. Kowe sapa, Mbak?”
“Ra perlu ngerti.”wangsulanku judes.
Tak teruske mlakuku. Batinku aku seneng banget, aku wis bisa ngunek-ngunekke cah lanang kuwi mau, aku mung ra pingin dheweke sakkarepe dhewe meneh.
            Rani ngomong yen aku kendhel banget wis wani ngunekke Pras, padahal cah wadon-wadon ning sekolah ning kene iki yen ditabrak Pras malah seneng, amarga cah wadon-wadon kuwi mau padha rebutan Pras. Pras kan bagus, dhuwur, ketua OSIS sisan. Krungu critone Rani kuwi mau aku malah samsaya mangkel banget. Moso ketua OSIS kelakuane ra mutu.
            Padha kaya biasane, aku nunggu angkot ning ngarep sekolahan. Nanging wis sakjam, angkote ra teko-teko. Pas kuwi Pras mandhek ning ngarepku pas.
“Ayo bareng aku wae.”
“Ora, nuwun.”wangsulanku judes.
“Ayo ta. Iki angkote ora bakalan liwat kene, amarga dina iki sopir-sopir angkutan padha demo ning Simpang Lima.”
“Yaa..yaa...wis.”
Aku kepeksa gonceng Pras, amarga nek ora gonceng aku ra bakal bisa mulih. Ning dalan Pras ngejaki gojek lan omongan, nanging aku jik anyel mulane yen Pras ngejak omongan tak jawab seperlune wae.
“Nuwun ya.”kandhaku karo Pras
“Ya, ra dikon mampir ki?”
“Ora.”wangsulanku isih judes
            Pas aku lagi nonton TV, hapeku muni tibakne ana sms. Nanging nomere ora tak kenal. Pas tak bukak isine: “Git, ki aku Pras J”. Tibakne Pras sing sms, nanging kok wonge isa ngerti nomerku lan jenengku sisan. Smse ora tak bales, aku males banget. Ora let suwe Pras nelpun aku. Kaping pisan ora tak angkat, terus Pras nelpun meneh.
“Assalamualaikum.” Pras miwiti omongan.
“Waalaikumsalam.”
“Git, kok smsku ra dibales ta?”
“Mau lagi repot o.”
“Git, mbok uwis aja judes-judes karo aku. Aku kan wis jaluk ngapura ta.”
“Iya, lha terus aku kudu piye?”
“Ya guyu sik no.”
“hahahaha.”
Ra krasa nganti wengi anggonku telpuna karo Pras. Aku wis ora anyel meneh karo Pras. Tibakna dheweke apikan banget.
. . .
Esuke aku dipethuk Pras ning omah. Aku kaget kok ngerti-ngerti dheweke jemput aku pas mangkat sekolah. Ora mung pas mangkat sekolah, nanging pas mulih barang aku diterne tekan omah. Ora mung kuwi, aku saben dina smsan karo Pras lan ora jarang aku dolan bareng karo Pras. Dak akoni, suwe-suwe aku seneng karo Pras. Nganti sawijining dina, aku dolan karo Pras ning Tugu Muda.
“Git, aku meh ngomong serius karo kowe.”
“Ngomong apa? Kok kayane seius nemen.”
“Asline aku wis seneng karo kowe saka awal awake dhewe ketemu. Saka pas aku nabrak kowe ning ngarep sekolah kae. Asline pas kae aku meh nulungi kowe, nanging aku isin banget.”kandhane Pras rada gugup.
“Ah, masa? Jujur, aku saiki ya wis wiwit ana rasa seneng karo kowe senajan mbiyen aku anyel karo kowe.”
“Aku tresna karo kowe, Git. Kowe gelem ra dadi yangku?”
“I...iyo.”wangsulanku karo rada gugup.
. . .
            Wiwit wingi wengi aku resmi dadi yange Pras. Aku seneng banget saiki. Pras samsaya tambah apik karo aku lan keluargaku. Keluargaku wis kenal Pras, semono uga keluargane Pras wis kenal karo aku. Saben dina aku mangkat lan mulih sekolah karo Pras. Lunga ning endi-endi karo Pras.
. . .
Wis rong dina iki Pras ora jemput aku lan ora mlebu sekolah. Aku bingung banget, aku diamanati Pras ora oleh ning omahe sakiki. Aku mung manut wae karo kandhane Pras. Nganti seminggu kok ora ana kabar saka Pras, dheweke ya ora mlebu sekolah, kancane ya padha ora ngerti Pras ning endi. Daktekati lunga ning omahe Pras senajan aku wis diwelingi Pras ora oleh ning omahe dheweke, nanging aku tetep nekat.
Omahe Pras katon sepi nemen. Aku mijet bel omahe Pras, banjur ibune Pras bukakke lawang.
“Eh, Gita, kok suwe nemen ora rene?”kandhane ibune kaya rada kaget nalika aku rono.
“Nggih buk, kula mboten diparingke sowan wonten mriki dening Pras. Hla sakniki Pras wonten pundi, Buk?”
“Oh ngono ta, Nduk? Kosek ya ibuk tak salin dishik.”
Aku rada bingung karo ibune Pras, wong aku jaluk ketemu Pras kok malah ibune malah mlebu kamar meh ganti klambi. Ora let suwe ibune Pras metu saka kamar.
“Ayo, Nduk.”
“badhe ten pundi, Buk?”
“Wis ayo melu ibu wae, ngko ibu kandani. Kae ibu ya wis pesen taksi.”
Aku mung manut wae lan melu ibune Pras.
. . .
            Tibakna aku digawa ibune Pras menyang kuburan. Ning kono aku samsaya bingung maneh. Eneng apa kok ibune Pras ngejak aku ning kuburan. Aku mung melu mlaku wae. Nganti tekan ning ngarep makam, ibune Pras mandhek. Makam kuwi isih katon anyar, lemahe durung garing nemen.
“Git, iki Pras.”ibune ngomong karo rada mbrambang.
“hah?”aku kaget
“Iya, iki Pras. Pras ora ana wis 2 dina iki. Pras duwe lara kanker otak, Git.”
Bar kuwi aku ra kelingan apa-apa maneh.
. . .
            Aku tangi, panggonan iki ora asing kanggo aku. Tibakna aku wis ning kamarku. Pikirku apa kuwi mau mung mimpi? Nanging ning cedhakku ana ibuku lan ibune Pras. Ibune Pras banjur cerita yen aku mau semaput pas ning kuburane Pras. Nyatane saiki Pras wis ora ana tenan.
            Aku wis mudheng saiki kenapa Pras ora ngolehne aku ning omahe wingi-wingi kae. Pras mung wegah nek aku sedhih. Pras wegah ngulati aku nangis.
. . .

Suwe-suwe aku wis bisa ngikhlaske Pras. Aku kudu terus maju. Uripku kudu terus mlaku. Pras, aku trisna karo kowe. 

Kebudayaan Surakarta 3

Sekatenan

Saat peringatan Maulid Nabi Muhammad, di daerah saya, tepatnya di alun-alun keraton surakarta diadakan “sekatenan”, sekaten biasanya dibuka seminggu sebelum Maulid Nabi. Yang khas saat sekatenan adalah banyak penjual kerajinan gerabah,penjual telor asin,penjual kinang ,dan penjual makanan khas Solo seperti nasi liwet dan cabuk rambak. Puncak dari acara sekaten adalah ditandai adanya gunungan, yaitu dibunyikannya 2 gamelan keraton(gamelan Kyai Guntur Sari dan gamelan Kyai guntur Madu) yang berada di halaman Masjid Agung Surakarata. Saat gamelan dibunyikan bayak masyarakat Solo yang menginang di depan gamelan, mereka masih yakin jika mereka mengunyah kinang saat gamelan dibunyikan akan membuat mereka awet muda.

Sun Gegurit

Kembang Turu

dening: Mentari Prastya

kelingan wewayanganmu
anggawe bingung atiku
lamlamen mring sliramu
katon ing wisiking netra
madya ratri wayahe jroning nendra ing tilam sari
ndelelek ijen tanpa rowang
kelingan pepujaning ati


Geguritanku

Ibu

dening: Mentari Prastya

lilaning Gusti ing astanira
tlapakaning suku cumondhok kasuwargan
agya bekti mring slirane
yen sira mujining kautaman lan kabagyan
      lamun sira nylekuthak
      tak ngabekti mring slirane
      entenana mangsa kalalane

      laknate Gusti wus angenteni

Sun Gegurit

Satriya Piningit

dening: Mentari Prastya

aku ngerti kuwi wewaler
aku pana yen gawe sengsara
nanging aku tanpa daya
ora bisa sambat karo sapa wae
            aku wong cilik sing kabanda
                  netra picek karna budhek
                  uwaling kalamangsa
                  ngenteni tekane ukum karma
wong pinter padha keblinger
sewu siji isih ana sing bener
pestine urip tan dingerteni

lamun kodrat tangeh diruwat

Kebudayaan Surakarta 2

Malem 1 Suro


Malam 1 suro di surakarata
1 Suro adalah awal tahun Muharam, tahun Islam yang telah ditranskulturisasi dengan tradisi ritual Jawa kuno. Malam 1 Suro sangat berarti bagi orang Jawa, orang Jawa yakin bahwa perubahan tahun Jawa bertepatan dengan tahun Hijriyah, menandakan babak baru dalam tata kehidupan kosmis.
Saat malam 1 suro, setiap anggota masyarakat, anggota komunitas tertentu, atau institusi di sekitar daerah saya menjalankan tirakat dengan berbagai cara. Ada yang melakukan ritual selamatan dengan menyembelih korban binatang, beberapa orang mengumpulkan sejumlah dana untuk selamatan bersama, ada yang melakukan tapa brata, laku menyepi, iktikaf di masjid, dll.
Sedangkan di Karaton Surakarta atau di Mangkunegaran melakukan kirab dan jamas pusaka. Kirab tersebut biasanya dilakukan pada tengah malam atau dini hari, kirab dimulai dari keraton Kasunanan lalu berkeliling kota Solo dan berakhir di keraton Kasunanan lagi. Biasanya pada saat itu seluruh pusaka keraton dikeluarkan untuk di kirab. Selain pusaka keraton, kebo kyai slamet pun ikut di kirab,karena kebo kyai slamet atau kebo bule ini masih dianggap sakral oleh masyarakat Solo, masyarakat Solo masih percaya bahwa kebo kyai slamet mempunyai sisi magis tersendiri, buktinya masih banyak masyarakat Solo yang berebut untuk mendapatkan kotoran dari kebo kyai slamet tersebut. Mereka percaya kotoran kebo bule itu dapat menyembuhkan berbagai macam penyakit.

Cerkak (Cerita Cekak) 2

Cerkak (Cerita Cekak)

Mendhung Lunga Papadhang Bakal Teka

Dening: Mentari Prastya N

Udan ket mau esuk ora terang-terang, malah saya deres wae. Kamangka iki wis jam 12 awan. Kudune jam semene iki srengenge wis ana ning dhuwur sirah, nanging langit malah katon saya peteng.
“Buk, dhahar rumiyin nggih?”
“Iya, Nduk. Ning sithik wae.”
“Mangga lenggah rumiyin, Buk. Niki kula dulang.”
Wis 5 dina iki ibu gerah. Piyambakipun nanging bisa turu ning kasur. Mangan wae ya kudu didulang, apa-apa kudu dicepakne. Ibu jane wis priksa ning dhokter, nanging ora suda-suda gerahe.
            Genep seminggu ibu gerah. Ibu mung turon, ora bisa ngapa-ngapa. Gerahe malah saya parah. Dhahare ya malah saya sithik, malah kadang ora gelem dhahar.
            Nganti ing sawijining dina, ibu muntah getih. Ibu langsung digawa menyang rumah sakit, ibu langsung dikon mondhok.
---
Wis seminggu ibu mondhok ning rumah sakit, nanging kondisine isig ajeg wae. Ragad rumah sakit ya saya akeh, kamangka pas kuwi gajiku durung mudhun, bapak ya padha wae. Aku lan bapak bingung arep bayar nganggo apa, nanging kuwi dakpikir keri wae, sing penting ibu ndang sugeng maneh.
---
            Dina iki kaya- kayane langit ambruk ning dhuwur sirahku. Lha piye, ibu gerah ora mari-mari, saiki bapak malah di PHK saka kantore amarga kantore bangkrut. Saiki gari aku sing diandhalke, aku sing nanggung kabeh ragad, saka ragad rumah sakit nganti ragad dinggo kaperluan omah.
            Gajiku sasi iki wis mudhun, tibakna gajiki dinggo nutup ragad rumah sakit wae ora cukup amarga saking akehe ragad rumah sakit. Wektu iku aku bingung banget, aku kudu golek duit kanggo bayar rumah sakit. Akhire, motorku dakdol kanggo bayar ragad rumah sakit. Dhuh Gusti, tulungana aku.
---
            Awan iki mau ibu dikuburke. Ibu wis 2 minggu ning rumah sakit, kayane iki dalane Gusti kanggo ibuku. Ibuku wis dikuburke, nanging nganti wengi iki luhku ora gelem mandhek. Aku ngrasa yen urip iki ora adil. Bapak diPHK, ekonomi keluargaku morat-marit, lan saiki ibu tilar donya.
“Ndhuk, sing sabar ya.” Kandhane bapak nguatne aku.
“Inggih, Pak.” Wangsulanku kanthi misek-misek.
“Kabeh wis ana dalane, Nduk.”
Aku ra mangsuli, aku mung meneng wae. Bapak banjur ninggal aku dewean ning kamar.
---
            Sesasi tak liwati karo bapak lan adhi-adhiku tanpa ibu, nanging aku wis kulina marang kahanan iki. Samsaya wektu iki aku wis oleh kerja tambahan. Ya lumayan lah, kerja tambahanku iki sithik-sithik bisa mbantu-mbantu tuku kaperluan kluargaku. Wiwit wektu iki, esuk nganti sore aku kerja ning kantor. Mulih saka kantor, aku aku kerja ning bimbel.
            Dina Minggu teka. Aku seneng yen Minggu teka, amarga ya mung dina iki aku bisa leren ning omah.
“Nduk, tukokna aku obat ning apotek kana. Kok sajake sirahku rada ngelu.”
“Nggih, Pak.”
Aku gage-gage langsung mangkat menyang apotek. Pancen wektu iki, bapak ringkih banget, sithik-sithik awake krasa ra kepenak terus.
            Apotek ora pati adoh saka omah, mila aku bisa cepet tekan. Aku gage-gage mlebu ning  njero apotek. Lagi arep mlebu, lha kok aku tabrakan mbi uwong.
“Nyuwun ngapunten, Mbak.” Kandhane wong kuwi mau.
“Nggih, mboten napa-napa.”wangsulanku cepet
“Lhoh, kowe Rahma, ta?”
“Nggih. Lha panjenengan sinten kok ngertos nama kula?” wangsulanku rada kaget.
“Walah, Ma. Apa aku beda banget ta kok kowe nganti lali karo aku? Aku iki Robi kanca SMPmu mbiyen.”
“Masyaallah. Kowe Robi?”
“Iya, Ma?”
“Saiki kowe wis dadi wong sukses, wis dadi dhokter malahan.”
“Halah, apa lho, Ma. Ngomomg-ngomong sapa sing lara, Ma?”
“Bapakku o, Rob.”
“Yowes, lanjut kapan-kapan wae. Kae pasienku wis padha nunggu.”
“Nggih, Pak dhokter.” Wangsulanku karo ngekek.
Robi ya melu ngekek. Robi lanjut mriksa pasien-pasiene. Aku langsung tuku obat.
---
            Wengi iki aku lagi nonton TV karo kluargaku. Ujug-ujug hapeku muni amarga ana sms. Nomere aku ra kenal, banjur tak buka sms mau, isine mangkene:“Rahma, lagi apa?”. Banjur sms mau tak bales: “Nyuwun sewu, niki sinten nggih?”. Ora let suwe bar tak bales, nomere mau telpon aku. Banjur tak angkat.
“Halo, assalamualaikum. Niki sinten nggih?” aku miwiti ngomong.
“Waalaikumsalam, iki aku Robi, Ma.”
“Owalah, kowe ta, Rob? Lha oleh nomerku saka sapa?”
“Saka Sari, Ma. Kanca  SMP dewe.”
“Iya, Iya. Ngomong-ngomong ana apa kok dengaren banget?”
“Ora ana apa-apa kok. Mung pengin nelpon kowe.”
Aku lan Robi telponan nganti wengi kae. Nganti-nganti lali wayah.
---
            Wiwit wengi kuwi, aku lan Robi malah saya cedhak. Saben dina Robi sms aku, lan saben wengi dheweke nelpon aku. Suwe-suwe aku karo Robi ya malah ana rasa. Kayane saiki deg-degan terus aku.
            Malem minggu iki, Robi ngejak dolan aku. Robi jemput aku ning omah. Aku krasa seneng banget bisa dolan karo Robi malem minggu iki. Wengi kuwi aku karo Robi lunga mangan ning lesehan pinggir dalan sing terkenal enake. Nanging atiku deg-degan terus ning jejere Robi.
“Ma, aku kepingin serius karo kowe.”
“Maksute apa, Rob?”
“Aku pingin kowe dadi calon ibu kanggo anak-anakku.”
Aku bingung ameh mangsuli apa. Aku seneng banget tapi aku isih kaget Robi ngomong kaya mengkana.
---
            Wiwit bengi kuwi, aku karo Robi resmi pacaran. Saben dina Robi saya apik karo aku lan keluargaku. Nganti sawijining dina, aku dijak Robi ketemu karo wong tuwane Robi. Aku wedi yen kluargane Robi ora bisa nampa aku, kamangka aku kan mung pegawai biasa, beda karo Robi sing dhokter.
            Tekan omahe Robi, aku saya wedi. Nanging Robi terus nenangke aku. Robi pancen calon bapak idaman kanggo sapa wae.
“Eh, mesti iki Rahma, ta?” ibune Robi nyalami aku karo ngambung pipiku.
“Nggih, Bu.”
“Bu, dijak mrene ta, Bu. Bapak ya pingin kenal karo calon mantune bapak.” Bapake Robi melu-melu ngomong.
“Iya, Pak. Kosek, ta.”
Aku mung mringis wae. Tibakna bapak ibune Robi apik banget lan ora katon mbedhak-mbedhake sapa wae. Aku seneng banget kenal karo wong tuwane Robi sing apik banget.
---
Tanggal 12-12-2012, aku lan Robi resmi dadi nganten. Aku seneng banget bisa duwe bojo sing sukses lan apik banget karo kluargaku. Mbiyen aku tau mikir yen urip iki ora adil. Tibakna Gusti pancen adil banget. Mbiyen aku lan kluargaku uripe susah, nanging saiki uripku lan kluargaku uwis kepenak.
Wis setahun aku nikah karo Robi, saiki aku diwenehi meneh kanugrahan saka Gusti. Kamangka wektu iki aku wis ngandhut 5 sasi, aku ra sabar nunggu anakku lair.
Pancen, Gusti Allah Maha Adil. Mendhung ilang, mesti pepadhang bakal teka.